Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa- Bubang.com

 




Teks pranatacara adalah teks yang di ucapkan atau dibawa oleh pembawa acara atau biasa disebut MMC. Teks pranatacara berisi tentang jalanya sebuah acara dari awal sampai akhir acara.Struktur teks pranatacara di bagian awalan atau  pembuka berisi tentang salam pembuka,puja puji syukur kepada tuhan, serta sambutan sambutan kepada para tamu. Di bagian isi teks pranatacara berisi tentang jadwal acara, atau urutan acara. Di bagian akhir atau penutup berisi tentang permintaan maaf serta salam penutup dan bisa diisi pantun atau parikan.

Baca Juga: Ciri dan Kecocokan bangunan yang tahan Gempa- Bubang.com

Teks pranatacara biasanya diperlukan dalam sebuah acara, seperti acara pernikahan, khitanan, pengajian, perpisahan, dan acara acara lainya. berikut ini adalah contoh teks pranatacara bahasa jawa tentang acara Halal bi Halal.

Baca Juga: Spesifikasi Karakter Bangunan dan Bangunan tahan gempa -bubang.com


Berikut adalah contoh teks pranatacara dalam rangka acara Halal bi Halal

Assalamualaikum wr wb..

 Dumateng  Bapak Kepala Desa Ngasinan, Bapak Kuzaeni ingkang kawula hormati, Bapak,ibu lan sederek ingkag kula hormati, saha para tamu ingkang tansah kinurmatan…

   Sepindah, sumangga kita sedaya ngaturaken puji  lan syukur dumateng Allah Swt. Ingkang paring rahmat kawilujengan jasmani lan rohani saengga kita sedaya saget makempal manunggal wonten ing ndalem acara Halal bi Halal ing wulan syawal.Kanthi tasih suwasana riyaya menika

   Sholawat ugi salam  tansah atur katunjuk dumateng junjungan kita, Kanjeng Nabi Muhammad Saw, ingkang mugia kita dipun paring syafaat wonten ing Yaumul Kiyamah mangkeh, amin allahumma.. amiin.

    Salajengipun,anggenipun kula ngadek wonten mriki kawula katitah dados pranatacara wonten ing acara halal bihalaI menika..Pramila kawula nyuwun wekdal badhe ngaturaken lumampahipun acara ing ndalem wekdal menika.

-Acara ingkang sepindah, inggih punika waosan surat al-fatihah sesarengan.

-Acara ingkang kaping kalih,inggih punika sambutan saking Bapak Kepala Desa.

-Acara kaping tiga inggih puniko waosan dedunga.

-Acara ingkang pungkasan inggih punika  salim salaman,

   Menika  sampun kawula sampeaken lumampahipun acara ing ndalem wekdal punika, ingkang mboten perlu anggenipun kula matur katah wicantenan. Pramila monggo kita wiwiti acara ing ndalem (enjing/siyang/sonten) menika kanti waosan surat al-fatihah, mugi-mugi acara mulai awal ngantos akhir saget lumampah kanti lancar gancar mboten wonten aral punopo.

Al-Fatihah……

   Acara salajengipun inggih menika sambutan saking bapak kepala desa, Bapak Kuzaeni..Wekdal saha panggenan kula sumanggaaken…

………

   Mekaten kala wau, sambutan saking bapak kepala desa. Mugi saget kita resep lan kadados kawigaten dumateng kita sedaya.

   Acara salajengipun inggih punika dedonga sareng-sareng tumuju marang gusti, ingkang mugi-mugi saget ndadosaken amal ibadah ingkang sae kangge kita sedaya. Dedunga ingkang badhe dipun pimpin kaliyan tokoh agama lan sesepuh wonten ing Desa Ngasinan yaiku bapak kyai haji Nur Zahid, Dumateng panjenenganipun wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.

……..

   Mekaten kala wau,waosan  dedunga ingkang sampun dipun pimpin bapak Kyai nur zahid. Mugi saget mbeta barokah dumateng kita sedaya. Amiin…allahumma… amiin.

   Hadirin ingkang kula hurmati.

   Acara ingkang pungkasan inggih punika penutup kanti cara salim salaman,

   Ananging, sak derengipun acara pungkasan menika dipun kalajengaken. Kula wonten mriki katitah dados pranatacara, mbok menawi wiwit awal ngantos akhir, wonten tata basa ugi tata trapsila ingkang kirang sekeco ing penggalih panjenengan sedaya, pramila kula nyuwun agungipun pangapunten.,ugi ngaturaken sugeng riyadin,nyuwun pangapunten sedaaya kelepatan lahir bathin. Mangga acara ingkang pungkasan saget dipun wiwiti. Maturnuwun wassalamualaikum wr wb.

Comments

Popular posts from this blog

Ciri dan Kecocokan bangunan yang tahan Gempa- Bubang.com

Materi Pembawa Acara atau Pranatacara Lengkap -Bubang.com