Menentukan Nilai-Nilai Cerita Rakyat Bahasa Jawa

Bahasa Jawa.

 Judul Kagiyatan : Nemtokake Nilai-Nilai Crita Rakyat

Jinis Kagiyatan : Analisis
Tujuan Kagiyatan : - Nemokake nilai-nilai ing sajroning crita rakyat
Ngaitake nilai-nilai ing sajroning crita rakyat karo kahanan jaman sakiki.

Materi
Nilai-Nilai ing sajroning Crita Rakyat
Nilai Edukatif ing Cerita Rakyat Saben karya sastra kang apik (kalebu cerita rakyat) ngemu nilai-nilai/pitutur-pitutur luhur kang ana paedahe tumrap para maos. Pitutur-pitutur iku asifat aweh pendidikan sarta anggugah atine para maos kayadene nilai moral, nilai adat, uga nilai agama.


1. Nilai Pendhidhikan Moral
      Para paraga ing sajrone cerita duwe moral kang apik lan duwe pamawas marang sifat kang ala lan becik, senajan kadhangkala uga asifat relatif. Sajroning karya sastra, moral minangka kaca brenggalane kayakinane pangripta kang ditulis marang para maos. Moral awujud pitutur sing ana sesambungane karo ajaran tartamtu kang asifat praktis, lan bisa ditegesi dening wong kang maca. Moral minangka sarana saka pengarang kanggo nuduhake marang para ingkang maos ngenani panguripan, subasita, tata pasrawungan antarane paraga siji lan sijine. Moral mesthi ngenani subasitaning manungsa, kang apik lan kang ala, kang tumuju ing budi pekerti supaya tumanem lan bisa dadi sarana kanggo mujudake kapribadening para ingkang maos.

Baca Juga : https://buildbangunan.blogspot.com/2020/08/contoh-teks-pranatacara-bahasa-jawa.html

2. Nilai Pendidikan Adat / Tradhisi
      Adat uga bisa sinebut tradhisi tegese tatacaraning urip kang wus dadi tumindak saben dina sarta turun-tumurun ing sajroning masyarakat. Tatacara urip utawa paugeraning ngaurip kang anglimputi adat istiadat, tradisi, keyakinan, pandanganing ngaurip, cara mikir lan kalebu perangan spiritual. Tatacara gotong-royong, katindakake amarga saben uwong uga butuh srawung marang wong liya. Sakabehe asil karyaning manungsa kuwi katindakake kanthi sarana sesrawungan marang wong liya. Tindak-tanduking manungsa duwe sifat kang apik. Ing sajroning tradisi ngemu kearifan kang akeh banget cacahe. Globalisasi dudu sawijining cara kang ngajarake kabeh kudu anyar, ananging melu nglestarekake warisan para leluhur uga kalebu pakaryan kang apik. Globalisasi kudu digawe kanggo sarana nuwuhake rasa andarbeni marang kabudayane dhewe.


3. Nilai Pendidikan Agama / Religi
      Wong-wong ing padesan rikala jaman kang kepungkur katon duwe rasa religius kang apik lan katitik manawa akeh masyarakat kang  nindakake upacara-upacara sesambungane karo agama utawa ritual upacara tradhisi para leluhure, arupa slametan, bersih desa, aweh sesajen marang roh-roh leluhur kang wus sumare. Ana uga sarana donga kanggo nyuwun udan marang Gusti Kang Maha Kuwasa rikala mangsa ketiga. Religi utawa kepercayan ngemu kayakinane manungsa kang tumuju marang sifat-sifat Pangeran/Allah, babagan alam gaib, sakabehing nilai, norma sarta ajaran religi. Tatacara ritual lan upacara iku minangka pangrekadayane manungsa kanggo mangerteni Gusti Allahe, dewa-dewa, utawa makhluk-makhluk alus kang urip ing ngalam gaib. Masyarakat percaya manawa agama dadi tuk sumbering kakuwatan marang kasaenan. Bisa kapethik manawa cerita rakyat ngemu nilai-nilai pendidikan agama kang jumbuh ing jaman kuna, jaman saiki utawa jaman kang bakal kelakon.

Baca Juga: https://buildbangunan.blogspot.com/2020/09/membaca-puisi-serta-mendalami-puisi-dan.html

4. Nilai Pendidikan Kepahlawanan
      Pahlawan bisa sinebut minangka wong kang wani ngurbanake jiwa raga, arta barana kanggo ambelani negarane. Saka tembung pahlawan tuwuh sifat kang duwe rasa wani marang sapa wae wong kang bakal angrusak nagara, nusa, lan bangsane.  Warga negara kudu bisa ambela marang nusa bangsane. Pahlawan duwe rasa andarbeni, duwe lan kudu ambela kanthi wutahing rah kang pungkasan. Babagan bela negari, rasa duwe bangsa uga sinebutake ing karya sastra. Kang biasane cedhak karo tokoh utawa paraga ing cerita. Tetiyang utawa paraga kang ana ing sajrone cerita dadi gul-aguling masyarakat, ananging uga ana kang ora disenengi dening masyarakat. Paraga ing karya sastra umume duwe sifat-sifat kang sae, ambelani kang bener, rasa kanggo amedharake sing apik lan sing ala isih dhuwur. Kosok wangsule manawa ana tokoh kang ora disenengi uga duwe watak kang asor lan kurang apik.  


   Sekian.. semoga dapat menjadi ilmu yang bermanfaat.Bisa dishare atau bagikan artikel kepada lainya.. dan ikuti terus artikel artikel kami selanjutnya.. terimakasih..

buildbangunan.blogspot.com

Comments

Popular posts from this blog

Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa- Bubang.com

Ciri dan Kecocokan bangunan yang tahan Gempa- Bubang.com

Materi Pembawa Acara atau Pranatacara Lengkap -Bubang.com